Notification

×

Iklan orang cerdas

Iklan 1048 300 orang cerdas

Pengetan Maulid Nabi Bahasa Jawa

Jumat, 29 September 2023 | September 29, 2023 WIB | 0 Views Last Updated 2023-09-29T03:44:44Z

    
Yeni Adien dot com }   Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo

Monggo kito tansah samiya ajrih lan takwa kita dumateng Allah kanti takwa ingkang sak estu, sarono tansah nindakaken sedoyo dawuh lan perintahipun, soho nilar ingkang dados awisanipun. Pangajab kito tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngarso Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.

 Wekdal puniko kito wonten ing wulan Rabiul Awal, inggih Wulan Mulud. Swasana upacoro pengetan wiyosan Dalem Junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam katah dipun laksanaaken dening umat Islam wonten ing pundi-pundi papan. Sedoyo wau dipun seja kangge nglahiraken raos mahabbah dateng Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam. Kito ngaken tresna Nabi monggo kita buktekaken kanti ngatah-ngatahaken maos shalawat, nderek dawuhipun Allah ing Al-Qur’an:

 يأَيُّهَا الَّذِيْنَ أمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْماً

’’He wong kang podo iman, podo mocoho shalawat siro kabeh marang Nabi, lan podo macakno salam siro kabeh.’’ (QS. Al Ahzab 56)

Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo

Katresnan kito dateng Kanjeng Nabi bade dados lantaran kempal kito dateng Panjenenganipun mbenjang wonten ing swarganipun Allah, jalaran Kanjeng Nabi nate paring dawuh:

 مَنْ أَحَبَّنِيْ كَانَ مَعِيْ فِى الْجَنَّةِ

’’Sing sopo wonge tresna marang Ingsun, mangko wong iku bakal bareng-bareng sartaningsun ing swargo.”

Hadist sanes ngendikakaken:

اَنَّ رَجُلاً سَأَلَ النَّبِيَّ صلى الله عليه وسلم : مَتَى السَّاعَةُ يَا رَسُوْلَ اللهِ قَالَ: مَا اَعْدَدْتَ لَهَا قَالَ: مَا اَعْدَدْتُ لَهَا مِنْ كَثِيْرِ صَلاَةٍ وَلاَ صَوْمٍ وَلاَ صَدَقَةٍ ، وَلكِنِّىْ اُحِبُّ اللهَ وَ رَسُوْلَه، قَالَ : اَنْتَ مَعَ مَنْ اَحْبَبْتَ.

“Sawijining wong sowan Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam, nuli matur: Duh Rasulullah, mbenjang menopo kedadosan kiyamat meniko ? Kanjeng Nabi Sallallahu’alaihi wa sallam lajeng dang : Opo persiapanmu kanggo ngadepi dina kiyamat? Tiyang wau lajeng matur: kulo mboten gadah persiapan kangge ngadepi dinten kiyamat, kanti ngamal arupi shalat ingkang katah, utawi shiyam ingkang katah, mboten ugi sedekah, mung mawon kulo tresna dateng Allah lan utusanipun. Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam lajeng dawuh: Sawijining wong kuwi mbesuk ono ing akhirat bakal dikumpulake marang kang ditresnani.” (HR Bukhari Muslim)

Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo

Mugi-mugi kito pinaringan pitulung anggenipun nderek dateng patuladanipun Kanjeng Nabi 6 Muhammad Sallallahu’alaihi wa sallam, soho nambahi katresnan kito dateng panjenenganipun. Wusono kito kalebet katahipun umat ingkang nampi syafa’at mbenjang wonten ing yaumil qiyamah. Amin


بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم



Sumber : banten.nu.or.id   


Komentar Akun Facebook :

Komentar Akun Google :

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Histat

Klik Iklan dibawah Tanah

TUTUP IKLAN
TUTUP IKLAN
×
Berita Terbaru Update